MUDIPAT.CO – Yoiki rek SD Muhammadiyah 4 Suroboyo, seng lagi ono program internship teacher teko 8 negara, yoiku UK, Malaysia, India, Iran, Jepang, Yunani, Thailand, & Vietnam seng langsung hadir nang sekolah, Rabu (4/9/2024).
Internship teacher iki disambut meriah karo pertunjukan gamelan & tapak suci. Ono pisan pertunjukan tari remo, paduan suara, Mudipat Children Choir, & Band. Eitss, Mudipat Children Choir iki wes ngolehno Gold Medal & Special Award Most Commited Performance nang Ajang Bali International Choir Festival 2024 pisan lho.

Lanjut maneh, internship teacher iki diajak mengenal budaya Indonesia & nyicipi panganan tradisional Indonesia. Nang kene ono pisan sambutan kepala sekolah, sambutan teko tim summer camp, & penyematan pin wayang gawe 35 internship teacher teko siswa-siswi Mudipat.
Internship teacher iki dijak pisan gawe mlebu kelase masing-masing & ono sosialisasi kesehatan gigi nang murid-murid kelas 4, 5, 6 & sinau bahasa Indonesia bareng-bareng. Kelompok liyane ono seng ketemu wartawan cilik & diajak pisan gawe nulis kesan pesan gawe siswa-siswi Mudipat. Terakhir ditutup karo closing ceremonial foto bareng.
Mbois pol kan acarane? Dadi sopo seng pengen si kecil sekolah nang kene pisan?
*) naskah pariwara dari IG @aslisuroboyo



